Assalamu’alaikum wr.wb.

Wonten ing kalodhangan punika, kula badhe ngaturaken babagan “Kautamenipun Syiyam.’’ Syiyam pinangka salah satunggaling ibadah ingkang ageng manfaatipun dhumateng tiyang ibgkang tansah temen hanglampahi, syiyam sunnah, punapa dene syiyam wajib. Salah satunggalipun kautaman syiyam inggih punika saged dados tameng ingkang badhe ngreksa saha nebihaken latu neraka tebihipun watawis 70 taun mlampah(perjalanan), kados dene piyambakipun saged namengi saking prakawis tumindak maksiyat lan kemungkaran.
Pramila, sampun trep menawi Allah Ta’ala paring dhawuh ibadah syiyam punika mboten kemawon dhateng umatipun Muhammad, nanging ugi umat-umat sakderengipun, mboten sanes punika hangajab para kawula ingkang tansah temen-temen nglampahi saged pikantuk kautamanipun.
Mugi-mugi kita tansah ginolong tiyang ingkang saged remen nindakaken ibadah syiyam punika, saingga kita ugi badhe pikantuk kautaman punika. Mekaten atur kula, sekedhik ingkang saged kula aturaken, mugi-mugi wonten manfaatipun. Wonten kirang langkungipun kula nyuwun pangapunten.
Wassalamu’alikum wr.wb.